ADAT RITUAL SADRANAN GUNUNG GAMBAR
desajurangjero 07 Oktober 2025 08:56:38 WIB
ADAT RITUAL SADRANAN GUNUNG GAMBAR
Rikolo abad 15 kirang langkung warso 1450, Kraton Mojopahit anglampai pagebluk, sak sampunipun mengsah lumawan Kraton Demak Jawi Tengah. Sedoyo Panguaos soho bondho ing mojopahit dipun kuasani dening Rojo Demak. Sak sampunipun prastowo perang purno, Poro Pujonggo mojopahit ngramal bilih wiwit abad 15 Mojopahit badhe pindah dhateng Jawi Tengah sak laminipun. Prabu Browijoyo ingkang pinongko Rojo Mojopahit, nyuwun dhateng Raden Gading Mas soho Raden Onggo nilaraken Mojopahit ingkang lumebet tlatah Jawi Wetan. Supados tindak dhateng Jawi tengah, ingkang saperlu ngupadi Wahyu Kraton. Sak sampunipun Raden Gading Mas soho Raden Onggo dumigi Jawi Tengah tedak ing tlatah ( wilayah Ngawen pasipun ing Dusun Duren. ( rumiyen Ngawen taksih lumebet tlatah Jawi Tengah dereng Daerah Istmewa Yogyakarta ). Raden Onggo mapan ing tegalan kanthi damel Padepokan alit kangge papan manembah ing Gusti ingkang Moho Kuwoso, lan ing mriku kathah wit witan ingkang ageng- ageng, kadosto ringin, gayam, Pelem lan sak piturutipun. Ngantos papan meniko kathah sumur gayam, ingkang mapan ing Dusun Duren Beji.
Raden Gading Mas tindak dhateng Redi, ingkang arah mengaler saking padepokanipun Raden Onggo, ingkang kawastanan Redi Gempol ( sak meniko Gunung Gambar). Raden Gading Mas sak dangunipun mertopo ugi paring ilmu dhateng tiyang - tiyang sak kiwo tengenipun Redi Gempol. Ilmu ingkang kaparengaken ilmu kebatinan, kanuragan, soho ilmu - ilmu ingkang nuju dhateng watak Budi Luhur, soho enget dhateng Gusti ingkang Moho Kuaos. Awit wejangan - wejangan soho seserepan pinongko Guru ingkang kaparengaken dhateng poro siswo milo Raden Gading Mas dipun paringi sebatan “ Ki Ageng Panutan “.
Sak dangunipun Ki Ageng Panutan dados sesepuh, ngajak dhumateng penderekipun supados sami nglempak ing dinten Senin Legi kaliyan Kamis legi kangge nampi wejangan - wejangan. Pisowanan lumampah, mindak dangu mindak kathah poro penderekipun, sak sampunipun wejangan – wejangan katampi lan kagalih cekap dening Ki Ageng Panutan. Awit kersanipun ingkang Moho Kuwoso, Raden Gading Mas Murco kanthi mboten dipun mangertosi dening poro siswonipun ingkang mapan ing gunung meniko. Lajeng kangge ngemut – emut prastowo murconipun Raden Gading mas utawi Ki Ageng Panutan milo poro Siswo ngawontenaken pendak dinten Senin legi utawi kemes Legi dipun wonteni “Asung Dahar”, kawastanan Sadranan.
Makno lan tujuanipun Sadranan :
- Kangge emut - emut peparingipun ilmu soho wejangan - wejangan ingkang ngener ing watak Budi Luhur eling marang Gusti ingkang Moho Kuwoso.
- Atur panuwun dhateng Gusti ingkang Moho Kuwoso awit kasarasan, kawilujengan, lan anggenipun tetanen saget ngewohaken hasil ingkang kathah.
- Kangge nglestantunaken kabudayan ingkang luhung tetilaranipun nenek moyang sampun ngantos punah.
Formulir Penulisan Komentar
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |