Sejarah Desa
desajurangjero 30 April 2014 17:20:39 WIB
|
“Gemah ripah loh jinawi,
toto tentrem kerta raharja” (asta brata).
- Kawontenan Desa Jurangjero
Desa Jurangjero inggih menika satunggaling desa ingkang mlebet wewengkon Kecamatan Ngawen Kabupaten Gunungkidul ingkang dumunung ing iring kidul tlatah Gunungkidul arupi redi, samodra lan siti pategalan. (Uraian dtambah)
Foto.1 Peta Desa Jurangjero
Tapel wates Desa Jurangjero inggih menika :
- Sisih Ler tapel wates bumi kaliyan Desa Tancep,
- Sisih Wetan tapel wates bumi kaliyan Desa Sambirejo
- Sisih kidul tapel wates bumi kaliyan Desa Kampung,
- Sisih kilen tapel wates bumi kaliyan Desa Tegal Rejo,
Foto 2 . Balai Desa Jurangjero.
( difoto siapa tgl, thn)
Wiyaring tlatah Desa Jurangjero wonten 814,0965 Ha. Tebih caketing papan paprentahan Desa Jurangjero dumugi Kantor Kecamatan Ngawen 2 Km, Kantor Kabupaten 26 Km saha Kantor Pemerintah D.I.Yogyakarta 60 Km. Desa Jurangjero mujudaken satunggaling tlatah ingkang anggadhahi tata paprentahan ingkang sah kaliyan sampun dipun akeni dening Pamarentah Pusat. Desa mujudaken paprentahan ingkang anggadhahi :
- Kukuban desa kanthi tapel wates ingkang gumathok.
- Wonten warga ingkang mapan wonten tlatah utawi kukupan Desa Jurangjero ingkang mujudaken satunggaling pakempalan
- Anggadhahi tatacara utawi adat tumrap gesang sesrawungan antawisipun warga ing wewengkon wau ingkang mujudaken satunggaling pranatan.
- Sampun jumbuh kaliyan paugeran nagari lan dados peranganing ingkang mboten saged kapisahaken.
Jumbuh kaliyan paugeran nagari, paprentahan desa utawi kalurahan nglampahi pranatan pusat saha daerah. Ingkang mekaten bebadan kaliyan lembaga ingkang ngesuhi desa ugi kawastanan miturut pranatan ingkang wonten.
Kawontenan pasiten ing Desa Jurangjero mujudaken pareden, tegalan saha pesabinan. Wonten siti tegalan, pekawisan, pereng-pereng redi, siti kraton sinebat Sultan Ground utawi SG lan sanes-sanesipun.
Panguwaosaning siti ing Desa Jurangjero saged kaperang, ing antawisipun :
- Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah kalurahan inggih menika siti kas desa, lungguh pamong, lan siti pengarem-arem.
- Siti ingkang dipun kuwaosi dening pamarentah inggih menika siti kahutanan utawi AB lan sanes-sanesipun.
- Siti ingkang dipun dadosaken hak milik pribadi utawi siti pekulen turun temurun.
- Siti kagungan Dalem Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat Sultan Grond utawi SG.
- Wewengkon Padhukuhan
Desa Jurangjero wonten sangalas padhukuhan ingkang dumados saking :
- Padhukuhan Jambu, dipun sepuhi dening Sukarmin,
- Padhukuhan Purworejo, dipun sepuhi dening Gunanto,
- Padhukuhan Nologaten, dipun sepuhi dening Hardi,
- Padhukuhan Kranggan, dipun sepuhi dening Prayitno,
- Padhukuhan Jurangjero, dipun sepuhi dening Nanang Wahyu Kurniawan,
- Padhukuhan Kaliwuluh, dipun sepuhi dening Suwardi,
- Padhukuhan Wonosari, dipun sepuhi dening Yoseph Supono,
- Padhukuhan Gambarsari, dipun sepuhi dening Tunggul Sudarwanto.
Panyengkuyunganipun para warga tumrap tlatah, kiwa tengen sanget ageng, semanten ugi pranatanipun wewengkon saged ndadosaken tata tentreming para warga.
Awit ingkang mekaten wau antawisipun wewengkon kaliyan para warga mboten saged kapisahaken, amargi kekalihipun tansah manunggal. Menawi katiti sakeplasan, masarakat Kalurahan Jurangjero sampun kaperang dados 8 padhukuhan ingkang satunggal kaliyan satunggalipun mboten sami.
Kersanipun pamarentah ngawontenaken padhukuhan-padhukuhan menika mboten kangge benten-bentenaken satunggaling paguyuban warga kaliyan paguyuban warga sanesipun, ing babagan menika kaajab kanthi wontenipun padhukuhan-padhukuhan kala wau saged ngrancanakaken lampahing laku jlantraning paprentahan wiwit pusat ngantos dumugi paguyuban-paguyuban warga ingkang alit piyambak. Pramila lurah anggadhahi tugas lan jejibahan paring katrangan saha nuntun para warga tumuju dhumateng manunggaling sedya, hamemayu hayuning bawana, luhuring budaya santosaning agama, bangsa lan nagari. Kanthi mekaten saged langkung terwaca, bilih kawontenaning wewengkon lan para warga ing Desa Jurangjero namung satunggal, inggih menika lingkungan lan para warga Jurangjero.
Warga Desa Jurangjero tansah angleluri budaya adiluhung tilaranipun para leluhur ing nguni pinangka ngurmati labuh-labet bekti lan amanah ingkang dados piwucal luhur para sesepuh. Ing antawisipun ;
- Gotong royong.
- Aja dumeh.
- Wong Jawa aja ilang Jawane,
- Narima Ing Pandum,
- Watak andhap asor.
Sesambetan memitran warga satunggal kaliyan sanesipun tansah anggegulang raos kurmat-kinurmatan, andhap asor, lung tinulung, gotong royong, asah asih lan asuh. Agami minangka panuntun gesang dados landhesan, wewaler utawi pepakaliyang, pepadhang, pengayom lan pengayem, panuntun kiblating panembah dhumateng Ingkang Maha Wikan Allah ingkang Maha Kawasa. Adat budaya ingkang tasih lumampah lan dipun ugemi para warga Desa Jurangjero, ing antawisipun :
- Sambatan
Sambatan menika satunggaling adat budaya ingkang magepokan kaliyan pakaryan mbetahaken tenaga kathah. Para warga, magersari ing sak kiwa tengenipun tiyang gadhah damel kanthi caos panyengkuyungan arupi tenaga kangge ngrampungaken pakaryan kala wau. Pakaryan ingkang padatan mawi sambatan inggih menika ambangun griya.
- Rewang hajatan utawi sripah
Saben wonten tiyang kagungan damel hajatan utawi tiyang panandhang duhkita, boten badhe rampung tanpa panyengkuyunganipun sanak sedherek, magersari kanan-kering saking wiwitan ngantos purnaning gati.
- Gugur gunung utawi royongan
Gugur gunung utawi royongan magepokan kaliyan paguyuban makarya ing siti pategalan, olah tetanen, umumipun dipun tindakaken para ibu-ibu. Pakaryan gugur gunung utawi royongan dipun ayahi kanthi gantosan.
- Gerakan utawi Gerbuhan.
Gerakan (dipun waos Gera’an) menika satunggaling wujud makarya sesearengan, namung bentenipun kaliyan ing nginggil, biasanipun pakaryan ingkang magepokan kaliyan papan-papan kangge tiyang kathah utawi papan umum antawisipun; resik-resik margi, ambangun bale dhusun, masjid, ndadosi galengan, damel pager, lan sanes-sanesipun.
Sedaya pakaryan ing nginggil dipun lampahaken kanthi sae tanpa pamrih mboten ngantu-antu prabeya menapa dene upah. Sedaya adat budaya kala wau tasih lumampah ing desa menika ingkang dereng mesti dipun panggihaken ing wewengkon sanesipun. Para warga ngrumaosi bilih raos kekadangan menika mboten badhe saged tinumbas ngangge arta menapa bandha donya. Wontenipun namung raos lung-tinulung kaliyan tangga tepalih, magersari.
Foto 2. Satunggaling Gera’an resik-resik margi.
Foto koleksi tgl. tahun
- Para Warga
Warga Desa Jurangjero miturut ing palaporan Monografi Desa warsa 2019 kaserat :
- Warga Kakung : 2.396 Jiwa
- Warga putri : 2.454 Jiwa
- Gunggung sedaya : 4.850 Jiwa
Warga kasebat kedadosan saking : 1.633 Kepala Kulawarga. ( Sumber / monografi kal)
- Perangane Yuswa Warga
Warga Desa Jurangjero miturut yuswanipun ing warsa 2019 kados kaserat ing ngandhap menika :
No |
Umur |
Jumlah |
Kakung |
Putri |
1 |
0 - 1 |
17 |
8 |
9 |
2 |
2 - 4 |
220 |
108 |
112 |
3 |
5 - 9 |
241 |
119 |
122 |
4 |
10 - 14 |
253 |
125 |
128 |
5 |
15 - 19 |
377 |
187 |
190 |
6 |
20 - 24 |
372 |
185 |
187 |
7 |
25 - 29 |
406 |
199 |
207 |
8 |
30 - 34 |
359 |
179 |
180 |
9 |
35 - 39 |
310 |
154 |
156 |
10 |
40 - 44 |
300 |
147 |
153 |
11 |
45 - 49 |
277 |
137 |
140 |
12 |
50 - 54 |
241 |
121 |
120 |
13 |
55 - 59 |
301 |
152 |
149 |
14 |
60 - 64 |
270 |
133 |
137 |
15 |
65 - 69 |
244 |
121 |
123 |
16 |
70 - 74 |
255 |
123 |
132 |
17 |
75 - |
407 |
198 |
209 |
GUNGGUNG |
4.850 |
2.396 |
2.454 |
( sumber )
- Pawiyatan para warga
Miturut pawiyatan, Warga Desa Jurangjero Kecamatan Ngawen ing warsa 2019 kados ing ngandhap menika :
No |
Pawiyatan |
Jumlah |
Kakung |
Putri |
1 |
Mboten/Dereng Sekolah |
633 |
312 |
321 |
2 |
Dereng Tamat SD |
530 |
262 |
268 |
3 |
Tamat SD/Sederajat |
2.090 |
1.035 |
1.055 |
4 |
SMP/Sederajat |
760 |
376 |
384 |
5 |
SMA/Sederajat |
758 |
374 |
384 |
6 |
Diploma I/II |
17 |
9 |
8 |
7 |
Akademi/D III/Sj. Muda |
20 |
9 |
11 |
8 |
Diploma IV/Strata I |
42 |
19 |
23 |
9 |
Strata II |
0 |
0 |
0 |
10 |
Strata III |
0 |
0 |
0 |
GUNGGUNG |
4.850 |
2.396 |
2.454 |
Tambah foto tempat sekolah
- Pakaryanipun para warga
Peranganing para warga Desa Jurangjero Kecamatan Ngawen miturut pakaryan, ing warsa 2019 kados ing ngandhap menika:
No |
Pakaryan |
Jumlah |
Kakung |
Putri |
1 |
Dereng Makarya |
755 |
370 |
385 |
2 |
Tata Balegriya |
266 |
0 |
266 |
3 |
Siswa |
715 |
359 |
356 |
4 |
Pensiunan |
21 |
17 |
4 |
5 |
PNS |
22 |
14 |
8 |
6 |
TNI |
10 |
10 |
0 |
7 |
POLRI |
6 |
5 |
1 |
8 |
Bebakukaliyan |
8 |
4 |
4 |
9 |
Olah Tani |
2.025 |
1.012 |
1.013 |
10 |
Pegawe Swasta |
209 |
111 |
98 |
11 |
Pegawe BUMN |
0 |
0 |
0 |
12 |
Pegawe Honor |
15 |
8 |
7 |
13 |
Kuli |
35 |
35 |
0 |
14 |
Buruh Tani |
90 |
90 |
0 |
15 |
Pamong Desa |
19 |
19 |
0 |
16 |
Wira Karya |
654 |
342 |
312 |
GUNGGUNG |
4.850 |
2.396 |
2.454 |
( Sumber)
- Kapitadosan
Wonten ing perangan agami, warga Desa Jurangjero Kecamatan Ngawen ing warsa 2019 kados ing ngandhap menika :
No |
Agama |
Jumlah |
Kakung |
Putri |
1 |
Islam |
4.550 |
2.249 |
2.301 |
2 |
Kristen |
24 |
11 |
13 |
3 |
Katholik |
275 |
135 |
140 |
4 |
Hindu |
1 |
1 |
0 |
5 |
Budha |
0 |
0 |
0 |
6 |
Khonghuchu |
0 |
0 |
0 |
GUNGGUNG |
4.850 |
2.396 |
2.454 |
Foto 3. Masjid Khalaf Muhammad ing Kranggan
(foto koleksi :… tgl thn)
(Kurang foto greja)
- Prabot Kalurahan
Kanthi lelandhesan Undang-Undang Negara Kesatuan Republik Indonesia Nomer 6 tahun 2014, tentang Desa, Pemerintah Desa inggih menika Kepala Desa kabiyantu dening Perangkat Desa pinangka perangan punggawa Paprentahan Desa. Kepala Desa minangka Pejabat utawi pangarsaning paprentahan pamarentah desa ingkang gadhah wewenang, jejibahan kaliyan wajib nglampahaken pranatan tuwin mobah mosiking panggulawenthah lumampahing desanipun kaliyan nglampahi jejibahan saking Pamarentah Pusat menapa dene pamarentah kabupaten. ( sebutkan dasar peralihan desa jadi kalurahan)
Dene Badan Permusyawaratan Desa (BPD) minangka Lembaga ingkang nindakaken jejibahan Paprentahan ingkang anggotanipun mujudaken utusan saking warga desa, utusan saking wewengkon padhukuhan.
Miturut pranataning utawi Peraturan Bupati Gunungkidul Nomor 36 Tahun 2016 ingkang ngatur babagan Struktur Organisasi Dan Tata Kerja Pemerintah Desa, Pemerintah Desa menika kadadosan saking :
- Kepala Desa : Suparno
- Sekretariat Desa :
- Sekretaris Desa : Aris Wijayadi, S.IP
- Kepala Urusan Tata Usaha & Umum : Gatot Suharja
- Kepala Urusan Keuangan : Agung Sriawan
- Kepala Urusan Perencanaan : Heri Dwi Susanta
- Pelaksana Teknis ( Kepala Seksi ) :
- Kepala Seksi Pemerintahan : Wahyu, S.Pd.I
- Kepala Seksi Kesejahteraan : Sriyanto
- Kepala Seksi Pelayanan : Dwi Santosa
- Unsur Kewilayahan ( Dukuh )
Kepala Desa kabiyantu dening sangalas dhukuh ingkang nggadahi jejibahan dhumateng wewengkonipun piyambak-piyambak.
- Staf desa
Kejawi menika, saben Kepala Urusan saha dene Kepala Seksi ugi dipun bantu dening staf desa.
Struktur Organisasi Tata Kerja Pemerintah Desa ing pemerintahan Desa Jurangjero kagambaraken kados bagan ing ngandhap menika.
Foto 4. Stuktur Organisasi Paprentahan Desa Jurangjero
( koleksi : ….tgl thn?)
Gambar ing nginggil, njlentrehaken peranganing pamong desa, jejibahanipun, saha gandheng ceneng antawisipun satunggal pamong kaliyan pamong sanesipun, saking Kepala Desa, Carik, Kepala Seksi, Kepala Urusan dumugi Dhukuh. Kejawi pamong desa, ugi wonten lembaga BPD minangka wakil para warga.
Foto 5 . Para Pamong Desa Jurangjero.
(Kolkeksi ;…tgl thn)
Kangge nuhoni jejibahan minangka pemerintah desa, Kepala Desa Jurangjero kabiantu perangkat desa ugi anggadhahi lembaga utawi bebadan desa ingkang jejibahanipun sabiantu Pamarintah Desa Jurangjero, antawisipun :
- LPMD : 1 lembaga
- LPMP : 8 lembaga ( 8 padhukuhan )
- RW : 8 lembaga ( 8 padhukuhan )
- RT : 40 lembaga
- PKK : 1 lembaga
- Karang Taruna : 1 lembaga
- BKD : 1 lembaga
- Gapoktan : 1 lembaga
Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Desa (LPMD), Lembaga Pemberdayaan Masyarakat Padukuhan (LPMP), Rukun Warga (RW) kaliyan Rukun Tetangga (RT) menika lembaga wajib desa. PKK lan Karang Taruna minangka salah setunggalipun bebadan desa landesanipun kanthi Peraturan Desa, ugi anggadhahi pranatan piyambak miturut pranatan pamarintah sanesipun. Kejawi PKK saha Karang Taruna Desa, ugi kadamel PKK saha Karang Taruna Padhukuhan.
- Tatacara budaya
Warga masarakat Desa Jurangjero tansah ambudidaya saha angleluri tatacara lan budaya warisan leluhuripun. Tatacara kaliyan kabudayan kala wau inggih menika ingkang anggadhahi piwucal kasaenan tumraping gesang. Antawisipun ;
- Adat
- Adat :
- Upacara Rasul utawi Bersih Dusun( dijabarkan seluruh dusun masing masing)
Upacara adat rasul menika tasih lestantun ing Desa Jurangjero. saben warga masarakat nindaaken tradhisi masang, inggih menika masang sekul golong jangkep lawuhipun saking dalemipun piyambak-piyambak tumuju ing margi ugi dipun kantheni wuduk ingkung kanthi sebatan sekul suci ulam sari saking pamong desa. Sasampunipun dipun kempalaken, sega golong kalawau salebeting margi dipun pikul dening para warga kanthi cucuk lampah dipun pangarsani dening para tetuwangganing dhusun kaiiring warga ingkang ngasta panjang ilang, inggih menika ubo rampe utawi wadhah sesaji saking janur kuning kairing kelompok seni tradhisional ing antawisipun; reog, jathilan, shalawatan, saha kesenian sanes-sanesipun.
Foto 6. Bersih Dusun Kaliwuluh
Awit dipun damel kanthi mawarni-warni arupi pepethan utawi simbol among tani, kewan ternak, lajeng mina lan sanes-sanesipun miturut kawontenan ing Desa Jurangjero.
Foto 7. Upacara Gendhuri rasulan
- Tradisi
Wonten ing Desa Jurangjero engga wekdal menika tasih dipun uri-uri kaliyan dipun lestantunaken wontenipun tradhisi budaya Jawa tilaranipun para leluhur minangka tandha raos syukur lan perlambang panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Alloh SWT.
- Kagem tiyang gesang, dipun adani dening kulawarga ingkang kagungan gati piyambak, ing antawisipun :
- Puputan Bayi
- Tetakan
- Tingkeban
- Punaran pengantin
- Sepekenan pengantin
- Momongi bale wisma enggal
- Momongi munggah suwunan.
- Kagem tiyang sampun sedho, kintun donga dhumateng para arwah ingkang sampun kondur dhateng kasedan jati, ing antawisipun;
- Surtanah
- Pitung dinten
- Kawandasa dinten
- Satus dinten
- Pendhak sepisan
- Pendhak pindho
- Sewu dinten.
- Kagem nelaaken raos tanggel jawab dhumateng para leluhur, pakurmatan dhumateng titahing Gusti ingang mapan wonten ing jagat madya kaliyan jagat nyata satemah manggih laras gesangipun. Upacara tradhisi budaya Jawa kenduri utawi kenduri menika dipun adani para warga ingkang sami makempal wonten ing papan jumbuh adicara ingkang magepokan kaliyan :
- Kirim ndowa tandur
- Kirim ndowa cas gagang
- Rasulan ing Jambu, Jurangjero, Kaliwuluh.
- Tatacara tradhisi ingkang magepokan kaliyan gesang bebrayan, kanthi lampahan tatacara :
- Lamaran
- Pasrah Sarana
- Kendhuri Wilujengan utawi Memule
- Pasang Tarub
- Midodareni
- Punjungan
- Ijab-Kabul
- Panggih Manten
- Walimahan Resepsi
- Tepung Besan
- Permainan Tradisional
- Seni
Seni ingkang tansah lestantun ing Desa Jurangjero dumugi wekdal menika antawisipun :
- Karawitan ( Sertakan foto)
- Reyog lan Jathilan ( Sertakan foto)
- Terbang (sholawatan) ( Sertakan foto)
- Thoklik ( Sertakan foto)
- Hadroh ( Sertakan foto)
Foto 8. Kiprahipun karawitan Marsudi Laras
Desa Jurangjero
Mapinten – pinten paguyuban seni tradhisi ingkang tasih ngrembaka saha papan dumunungipun ing Desa Jurangjero kados dene ingkang dipun serat ing ngandhap menika,
Foto 10. Mawarni-warni seni budaya ing Desa Jurangjero
- Permainan Bocah
Permainan bocah ingkang tasih ngrembaka ing Desa Jurangjero, antawisipun ;
- Gobag Sodor Egrang
- Sundha Mandha Gangsingan
- Benthik Dakon
- Gotho Jethungan.
Sertakan foto masing masiing
- Foto Egrang
- Tata basa, Sastra, lan Aksara
- Basa
Tatabasa kanthi krama madya menapa dene krama hinggil kejawi wonten ing pangandikan saben dintenipun, ugi wonten ing adicara upacara adat, antawisipun :
- Sesorah
- Pranata Cara
- Pambagya harja
- Panglamar manten
- Panampi
- Ikral Gendhuri
- Pamit Lalayu
- Wilujengan
(sertakan foto masing masing)
- Sastra
Babagan olah sastra, warga Desa Jurangjero dumugi wekdal menika ugi satuhu nglestantunaken, antawisipun :
- Panembrama
- Macapat
- Paribasan, cangkriman
- Kapustakan Jawa ( buku – buku )
- Dongeng, lss.
- Aksara
Aksara Jawa tumraping warga Desa Jurangjero satunggaling warisan leluhur ingkang kedah dipun lestantunaken. Mapinten-pinten lampah ingkang dipun budidaya antawisipun :
- Tulisan Papan Pituduh.
- Tulisan Papan Ruangan.
- Sengkalan .
- Piwucalan ing Sekolah
- Makanan Tradisional
- Makanan Tradisional
Wujuding dhaharan lawas ing Desa Jurangjero mboten benten kaliyan desa sanesipun, antawisipun :
- Klethi’an
Menika pacitan ingkang saged dipun damel saking tela, kacang, dele, beras, krowotan, pisang, lsp.
- Sega abang,
- Sambel Pecel,
- Gudeg ,
- Sayur Lombok,
- Wedang Jahe,
- Peyek, ampyang, puli-tempe, tempe mandhing, jadah ,
- Pengobatan Tradisional
Ket. Yg belum dijelaskan dijelaskan dulu
Anggenipun ngracik lan ngolah, warga Desa Jurangjero tasih ngginakaken sarana lan ngleluri budaya warisan leluhuripun. Taksih ngagem kajeng utawi kayu obong, anglo, lemper munthu saking kayu utawi sela, kendhil, kukusan, lan sanes-sanesipun.
Foto 11. Salah foto
Kejawi dhaharan ingkang dipun cawisaken ing saben dinten kangge kabetahan kulawarga, ugi tasih wonten mawarni-warni wujudipun dhaharan kangge kacekapan ubarampe upacara adat, kados dene ing ngandhap menika.
- Tumpeng Alus,
- Jenang abang,
- Sekul Golong,
- Sekul Giling Sasupit,
- Sekul suci ulam sari,
- Tumpeng Robyong,
- Pisang raja,
- Jajan Pasar,
- Rak-rakan,
Sertakan fotonya…..
- Pakaryan
Warga Desa Jurangjero saperangan ageng warganipun among tani, anggenipun sami tetanen ugi kanthi tatacara tradhisional. Sae sarana piranti utawi tatacara tandur, panen kaliyan sanes-sanensipun. Sesarengan olah tani, kadang tani ing Desa Jurangjero ugi gadhah pakaryan samben minangka bakul, lan ngingah kewan kanthi ingah-ingahan lembu miwah mendha. Sedaya wau kabudidaya kangge kabetahan amrih gesang sedayanipun. (Sebutkan macam macam pakaryan dan fotonya)
Foto 12. Suwasana ing tegalan
Foto 13. Among tani nalika ani-ani pantun.
Pakaryan samben ingkang lestantun ing Desa Jurangjero antawisipun ugi wonten kerajinan saking deling utawi pring ingkang awujud anyam-anyaman tenggok, tampah, kukusan, kepang, gedhek kaliyan ngolah dhedaharan. Saperangan malih, warga masarakat ugi makarya minangka tukang kayu, tukang batu ingkang damel griya, piranti griya utawi meubel lan sanes-sanesipun.
Foto 14. Wujudipun kerajinan pring.
Foto 15. Pakaryan tukang kayu.
Foto 16. Pakaryan samben dados bakul tempe.
- Warisan Budaya kaliyan Arsitektur
- Warisan Budaya
Warisan budaya ing Desa Jurangjero wonten ingkang awujud tatacara ugi wonten ingkang awujud barang menapa dene papan panggenan. Antawisipun :
- Tosan Aji kadasta; keris, tombak, patrem, pedhang, kaliyan Akik utawi Batu mulia.
- Petilasan Pangeran Samber Nyowo
- Siti Sultan Ground
- Piranti lawas utawi alat-alat kuno
- Serat kuno
- Gamelan utawi gangsa
- Gunung Pertapan
Foto 17 . Petilasan Sunan Kalijaga Masjid Tiban mapan ing Gambarsari
Foto 18 . Gangsa ing bale Desa Jurangjero
Foto 19. Tosan Aji Keris lan tombak
Foto 20. Piranti lawas / alat kuno, Lesung-Alu.
Foto 21. Serat Kuno ingkang tasih kasimpen.
- Arsitektur
Mapinten-pinten wewangunan ingkang mujudaken ciri khas utawi warisan budaya bangsa mliginipun tiyang Jawa wonten ing Desa Jurangjero, antawisipun :
- Tugu wates;
- Pesareyan arupi; cungkup, maesan;
- Griya adat arupi; joglo, limasan, litring, kampung;
- Wangunan Kantor Kepala Desa;
Foto 22. Wewangunan Bale Desa Jurangjero
Foto 23. a. Griya Joglo kawistara saking nJawa, b. sak lebetipun( koleksi, mapan, tgl thn)
Foto 24. Griya Limasan ingkang tasih lestantun
Foto 25. Tugu Wates.( mpan d mana thn berapa tgl kolksi)
Sedaya wewangunan ingkang sampun kaserat ing nginggil, tasih kathah ing wewengkon Jurangjero, gambar ing nginggil kala wau namung saperangan alit kemawon. Ing sadhengah papan asring dipun panggihaken wewangunan kasebat. Wonten ing karang pradesan wewengkon padhukuhan tasih kathah wujudipun wangunan griya limasan, griya kampung, kaliyan saperangan alit griya joglo kagunganipun para warga. Ugi ing saben panggenan, bale padhukuhanipun wujud Joglo senajan saking cor-coran semen. Tugu wates ugi mujudaken tilaranipun para pangarsaning desa jaman rumiyin.
|
Carios leluhur Para warga lan pinisepuh pitados bilih Desa Jurangjero sampun wonten wiwit jaman rumiyin. Saderengipun dados Desa Jurangjero, sampun wonten wewengkon ingkang sampun dipun panggeni para warga, ingkang sampun gadhah pranatan tumrap gesang sesarengan. Namung samenika kathah cariyos ingkang warni-warni, lan sedaya gadhah lelandhesan saha pamanggih piyambak-piyambak.
sambet pasedherakan miwah sambet bebrayan para putra wayah lurah kaliyan para warga.
Foto 26. Kawontenan Bumi Jurangjero
Dinten saha tanggal ingkang wonten ing seratan menika lajeng dipun tetepaken minangka lelandhesan dados dinten DUMADINING DESA JURANGJERO, Surya 19 wulan Desember Warsa 1957, utawi dinten Kemis Pon 26 Jumadil Awal 1889 saka, Utawi 26 Jumadil Ula 1377 hijriah warsa Je. Linandhesan agenipun netepaken Dhumadineng Jurangjero Inggih meniko Peraturan daerah istimewa yogyakarta no 12 tahun 1957 tgl 19 desember 1957. Diprint perda terbentuknya desa jurangjero d lampirkan paling belakang.
Wonten ing buku sejarah menika, panyerat amiwiti cariyos ingkang ngasta tlatah Kalurahan Jurangjero.
KALURAHAN JURANGJERO
- DJAYENG SUTIRTO ( 1920 – 1940 )
Miterat Narsumber kirang langkung tahun 1920 . Djayeng Sutirto ingkang kasebat “Tuwonggo” utawi Panguwaos ing talatah Jurangjero Djayeng Sutirto minongko Abdi Dalem saking Keraton Surokarto utawi Mangku Negaran, Retro saking Djayeng Wiguno.
Djayeng sutirto kagungan garwo Roro Kinanthi, putro wonten gangsal :
- Roro Kedhung
- Roro Iptung
- Gus Wanto
- Gus Wandi
- Roro Darsi
Naliko semanten jurangjero tahsih kalebet Kawedaran Wonogiri tlatah Surakarta. Djayeng Sutirto kautus saking Keraton Surakarta supados dados Tuwonggo ing Jurangjero saking tahun 1920 – 1940 lajeng sedo kasarekaken wonten sasonoloyo katongan Glipar, poro putro mboten wonten ingkang dedalem ing tlatah Jurangjero sedoyo wonten Djakarta lan Surakarta.
Meniko bukti naliko Djayeng Sutirto ngasto wonten ing peprentahan kalurahan Jurangjero.
Foto 27. Serat Kuno ingkang tasih kasimpen.
- DEMANG MNG. DWIJO SASTRO ( 1941 – 1955 )
Sasampunipun Djayeng Sutirto seda warsa 1940, Lurah ingkang ngasta paprentahan ing Jurangjero Dwijo Sastro nggantos tuwonggo Djayeng Sutirto sampun name Demang Dwijo Sastro, namung ugi taksih utusan saking Keraton Surokarto. Dwijo Sastro ngasto Demang saking tahun 1941 – 1954, kagungan garwo Sujatmi, lajeng putro wonten sekawan ;
- Wijatmo
- Dwiyatmojo
- Tri Atmojo
- Sri Dewi Purbandari ( meniko putro paringan saking Ngarso Dalem ing Kraton Surokarto amargi Demang Dwijo Sastro saget damel pasar ing Watusigar ingkang Plembang). Dwijo Sastro naliko wonten Jurangjero ingkang dipun gegulas kabudayan katitik taksih wonten poro putrid siswo ingkang minongko parogo ketoprak ( wayang wong ) ingkang taksih wonten ing Jurangjero Demang Dwijo Sastro Seda dinten Jum’at Paing warso 1970 kasarekaken wonten makam Watusigar Ngawen. Meniko bukti pasareanipun lan ugi kekancingan rikolo Dwijo Sastro ngasto wonten ing peprentahan kalurahan Jurangjero.
Foto 28. Maesan pasareyan MNG. Dwijo sastro
Foto 29. Serat Kuno ingkang tasih kasimpen
URUTANING LURAH ING KALURAHAN JURANGJERO
- MITRO SUMARTO ( 1955 – 1966).
Foto 30. Lurah Mitro Sumarto
Perkawis ingkang wigatos ing jaman Lurah Mitro Sumarto kados dene ing ngandhap menika :
- Sebatan perabot desa nalika semanten antawisipun : Lurah, Ulu ulu, Carik, Kamituwa, Kaum, Pembantu, Kepala Dukuh.
- Pranataning paprentahan ing nalika semanten sampun wiwit tumata manut paugeraning nagari, babagan siti, serat-serat wigatos, serat ulem, kaliyan sanes sanesipun.
Foto 31. Wujudipun serat Ugeran
- Seratan babagan pranataning siti ugi sampun tumata, awit ing mapinten-pinten seratan utawi dokumen mratelaaken paprentahan nalika semanten lumampah kanthi sae.
- Sangsaya dangu, Kalurahan Jurangjero sangsaya ngrembaka lan langkung kathah cacah jiwa warganipun, pramila kangge nggampilaken anggenipun mranata para warga, wewengkon ing Kalurahan Jurangjero lajeng kaperang dados mapinten-pinten padhukuhan.
- Peranganing padhukuhan ing wewengkon Desa Jurangjero ugi sampun jumbuh kaliyan wekdal samenika. Amargi ing warsa 1955 kathah dumadining padhukuhan enggal ingkang sampun karipta kados dene, padhukuan Kranggan, Jurangjero, Kaliwuluh, Purworejo, Jambu, Wonosari, Gambarsari.
- Sampun wonten wujudipun pawiyatan SD Purworejo ing warsa 1956 mapan ing wewengkon Purworejo
- Kasempyok Jaman Revolusi ing nagari Indonesia ugi mlebet ing Kalurahan Jurangjero, saengga sampun wonten Partai Politik kadadosan saking Nasionalis, Agama, Komunis.
- Seni kabudayan wiwit ngrembaka ing Jurangjero ing antawisipun: wayang kulit, tayuban, wayang wong, kethoprak lan sanesipun senajan namung prasaja.
Tahun 1955 Dwijo Sastro sedo, dipun gantos Bapak Mitro Sumarto Penduduk Jurangjero lan trah saking Padhukuan Kaliwuluh ingkang dalem ing Padhukuan Nologaten. Bapak Mitro Sumarto sampun katelah Lurah, putro saking Pawiro Setiko ngasto garwo asmo Sukinem, putro wonten 5 saking ngarwo :
- Sudarsono
- Endang Sugiatmi
- Tarmuji Sri Rahayu ningsih
- Susilo
Sak lebetipun dados Lurah Jurangjero, saget mlebet tlatah ing Ngayogjokarto ngantos sak meniko. Bapak Mitro Sumarto amargi sampun pindah datheng Semarang sedoyo kaluargo lan sedo wonten Semarang, ing nggresik Drono Semarang.
Dinten saha tanggal ingkang wonten ing seratan menika lajeng dipun tetepaken minangka lelandhesan dados dinten DUMADINING DESA JURANGJERO, Surya 19 wulan Desember Warsa 1957, utawi dinten Kemis Pon 26 Jumadil Awal 1889, Utawi 26 Jumadil Ula 1377 warsa Je,
- SASTRO SUGITO ( 1966- 1993)
Foto 32. Lurah Satro Sugito
Satro Sugito kaleres lurah kaping gansal ing Kalurahan Jurangjero, lair 17 Februari 1925 putra Nomer tigo saking Bapak Pawiro Setiko kaliyan Ibu Nganten Sularmi.
Sastro Sugito kagungan garwa asma Nganten Sularmi kaparingan putra cacah 5 (limo) , inggih menika : Sugiyarto, Ayu Suprihatin, Margono, Sugiharjo, Ayu Sri Sularsih.
Nglenggahi pinangka dados Lurah Jurangjero nglajengaken paprentahan sasampunipun Lurah Mitro Sumarto lengser amargi sampun sepuh yuswanipun. Lajeng Sastro Sugito seda 28 Juni 1996. dipun makamaken wonten keramat gede padhukuhan Jurangjero.
Foto 33. Maesan Pasarean Lurah Sastro Sugito
- PJ. SATRO HARJONO (1993- 1994)
Foto 34. Pj.Lurah Satro Harjono
Sastro Harjono lair ing Gunungkidul tanggal 15 Mei 1936 inggih menika putra nomer kalih saking gangsal sedherek, saking Ibu Satikem kaliyan garwa Ki Pawiro Dirjo. Sastro Harjono kalian garwo ibu Sinem kaparingan putra cacah gangsal, inggih menika :
- Sri Maryanti
- Sabarna
- Prihatin
- Patmini
- Marsilah
Saderengipun Sastro Harjono ngasta Pamong Desa Carik Jurangjero ing warsa 1993 nglajengaken jejibahan lurah, karana lurah Sastro Sugito seda, ingkang kawastanan pejabat sementara (Pj) lurah. Sastro Harjono ngasta lurah udakawis 1 warsa laminipun. Ngasto lurah ing paprentahan Kalurahan Jurangjero, sasampunipun lurah Sastro Sugito seda 25 Mei 2012 dipun makam aken wonten makam kaeramat gede padhukuhan Jurangjero.
Foto 35. Maesan Pasarean Lurah Sastro Harjono
- Anggenipun nglampahaken pepretahan ing Kalurahan Jurangjero kanthi tumata lan pratitis, kejawi ngagem paugeran nagari, ugi nindaaken paugeran para leluhur utaminipun karukunan lan piwucal Jawa. Kejawi menika ugi gadhah paugeran bilih pakempalan pamong desa dipun adani ing saben dinten Setu asring sinebut “Seton”. Kagem nglancaraken mobah-mosiking paprentahan Kalurahan Jurangjero dipun bentuk LKMD (Lembaga Ketahanan Masarakat Desa) ancasipun paring pambiyantu dhumateng Pemerintah Desa ing babagan pambangunan. LPMD menika minangka cikal bakaling saking LKD (Lembaga Ketahanan Desa).
- Sekedhik mbaka sekedhik sawernaning margi ingkang dereng wiyar, dipun budidaya supados wiyar kanthi gotong royong para warga. Kalebet margi tumuju sumber
- Kagem ningkataken pasedherekan kaliyan desa sanesipun kaliyan kagem nggampilaken para warga masarakat Jurangjero badhe wira-wiri medal saha lumebet saking wewengkon Jurangjero, pramila dipun adani mbangun margi
- Kanthi margi sampun wiyar, pramila wiwit wonten montor roda sekawan ing antawisipun bis, truk, kaliyan sapanunggalanipun saperlu ngangkut penumpang utawi dagangan dumugi kutha Wonosari.
- Ing warsa 1976 wonten ing Desa Jurangjero dipun bangun wujudipun Puskesmas Ngawen I mapan ing Padhukuhan Jambu. Paprentahan desa nyawisaken siti kas desa kagem ambangun Puskesmas kanthi pangajab sageda ngindhakaken kabagaswarasan para warganipun.
- Babagan pawiyatan ugi mratelakaken kemajengan ingkang kathah, kanyata dipun bangun malih pawiyatan kawastanan SD Inpres Jurangjero lan SDN Purwareja. Nalika samanten wonten sekawan pawiyatan tataran SD inggih menika, SDN Purwareja, SDN Jurangjero, SD Kanisius, SD MIN Jurangjero. Kanthi menika para warga utaminipun lare-lare sangsaya sengkut anggenipun ngudi ngelmu ing pawiyatan kala wau saengga dados lare ingkang migunani tumraping bangsa kaliyan nagari. Gampil anggenipun pados pakaryan.
- Tata upacara adat istiadat tuwin seni kabudayan lumampah kanthi sae ing antawisipun; kenduri wilujengan, gumbregan, rasulan, besik petilasan leluhur, saha olah kridhaning para warga babagan seni kabudayan. Permainan tradisional ingkang ngrembaka antawisipun; gobag sodor, jelungan utawi jethungan, kenthung, jirak, sundhamanda, anggleng, benthik, egrang, thoklik, lan
- Dereng wonten sarana kangge nggulawentah pakaryan ing pategalan, para kadang tani tasih ngginaaken tenaga tiyang lan kewan ternak. Para warga nindakaken pakaryan amongtani kanthi cara lan piranti tradisi kuno, antawisipun: mluku, nggaru, ani-ani, nutu pari, lan sanes-sanesipun.
Foto 36. Tradhisi nutu gabah ing lesung
Foto 37. Among tani kanthi cara tradhisional, ani-ani lan mluku.
- KARTIMAN UTAWI DWI HARTONO (1994-2002)
Foto 38. Lurah Kartiman
Bapak Kartiman inggih menika putra nomer setunggal saking Bapak Joyo Sukarto kaliyan ibu Sagiyem. Bapak Kartiman lair ing Gunungkidul tanggal 5 Juni 1970. Nglenggahi lurah Jurangjero wiwit wulan November 1994 kanthi cara pilihan utawi coblosan warga kanthi sawung Bapak Sutejo saking Padhukuhan Jambu. Nalika saged sah nglenggahi tetuwangganing paprentahan Desa Jurangjero ingkang sepisan dangunipun wolung warsa dumugi warsa 2002.
Ingkang sampun dipun lampahi lan dipun tindakaken dening Bapak Kartiman, antawisipun;
- Kasil ndandosi bale desa ing warsa 1998 kanthi wewangunan ingkang langkung sae, langkung wiyar arupi wujud joglo senadyan namung cor-coran semen pasir, ugi nambahi wangunan kantor sanesipun, saengga lampahipun paprentahan saged rancag.
- Listrik ugi sampun lumebet ing Desa Jurangjero, saengga kawontenan desa dados padhang jingglang, ayem tentrem tebih saking bebaya.
- Babagan toya, para warga ngendelaken toya jawah wonten ing wadhah toya utawi bak. Nanging bilih toya menika sampun telas, biasanipun warga saged mundhut saking montor tanki ingkang sadeyan toya resik. Ing warsa 1998, pipa toya resik saking Bribin sampun lumebet wonten ing Desa Jurangjero saengga saged nyekapi kabetahan toya tumraping gesang para warga Desa Jurangjero. Sumber-sumber toya tansah dipun lestantunaken, saengga saged dipun ginaaken dening warga masarakat ing sakanan-keringing sumber.
- Sawernaning tata upacara adat tradhisi sangsaya ngrembaka, kepara langkung sae anggenipun nglampahi wiwit upacara gumregan, upacara kagem jabang bayi, rasulan, Kirim Dowa utawi ngirim donga, upacara gegayutaning lelayu, kenduri wilujengan, Selikuran, Tirakatan, Sadranan Gunung Gambar lan sapanunggala
- Kalebet seni kabudayan Jawa ugi sanget dipun gatosaken lan dipun lestantunaken amrih ngrembaka. Seni tradhisi ingkang lumampah wonten ing Desa Jurangjero inggih menika wayang kulit, kethoprak, terbangan, reog, jathilan, lan tasih kathah sanesipun.
Foto 39. Pagelaran Wayang Kulit nalika rasul.
- Kiprahipun ibu-ibu ugi mboten katalumpen dipun giyataken mawi pakempalan PKK, sae ing tataran desa, tataran padhukuhan utawi ing tataran RT lan RW.
- Bapak Kartiman tansah mbudidaya warganipun kalebet para wiranem ingkang nyawiji wonten ing pakempalan wiranem Karang Taruna saengga saged sae tindak tandukipun, trampil ing babagan olahraga lan olah kridhaning seni, migunani tumrap bangsa lan nagari.
Tasih nglampahaken paprentahan kanthi adhedhasar pranataning nagari Indonesia, utaminipun pranataning praja ing Kabupaten Gunungkidul, mboten mokal bilih Desa Jurangjero dados desa ingkang langkung sae, mapan lan nuhoni dhawuh paprentahan ing sak nginggilipun kalebet mboten nate nunggak mbayar pajak bumi. Saged dipun wastani, Desa Jurangjero minangka desa ingkang unggul menawi dipun sandhingaken kaliyan desa sanesipun.
Lurah Kartiman seda lajeng dipun makam maken wonten makam gedong padhukuhan jurangjero.
Foto 40. Maesan Pasarean Lurah kartiman
- SUPARNO ( 2002 - 2012)
Foto 41. Lurah Suparno
Sasampunipun Bapak Kartiman lengser kelenggahan Lurah karana purna tugas. Tetuwangganing Desa Jurangjero dipun asta dening Bapak Suparno lair ing Gunungkidul tanggal 5 Juni 1970, inggih menika putra ragil saking Bapak Darto Sumarto kalian Ibu Sumarti. Nglenggahi lurah Jurangjero wiwit wulan November 2002 kanthi cara pilihan utawi coblosan warga kanthi sawung Bapak Kartiman / Dwi Hartono saking Padhukuhan Jurangjero.
Kawontenan desa sangsaya majeng, para warga guyub-rukun, sengkut gumregut anggenipun ambangun desa. Adhedhasar sesanti “Jurangjero Gumregah” Lurah Suparno kasil ngrangkul sedaya warga ing 8 (wolu) padhukuhan, saiyeg saekapraya makarya mujudaken desa asri lan makmur.
Margi tumuju sedaya padhukuhan sampun wiyar lan alus, galengan dipun dandosi ngagem pasangan sela, pasir semen saengga langkung kiyat.
Foto 42. Wangunan margi lan galengan.
Foto 43. SMP N 5 Ngawen
Foto 44. Nalika ambangun Margi lan Pos Kamling .
Kawontenan ingkang wigatos ing jaman Kepala Desa Suparno, mliginipun ing warsa 2008 lan 2010, inggih menika karipta mapinten-pinten paguyuban ingkang dipun gulawenthah dening para warga masarakat ing Jurangjero. Paguyuban menika raket gegayutanipun kaliyan mobah- mosiking jaman ing Desa Jurangjero magepokan kaliyan wisata lan budidaya babagan sanesipun, paguyuban kala wau antawisipun Pokdarwis, Kelompok Ternak, Kelompok Arisan, Gapoktan, jangkepipun kados ingkang dipun serat ing ngandhap menika;
Foto 45. Paguyuban Para Warga
Babagan olah kridhaning para wiranem, lurah Suparno kasil ngripta pakempalan olahraga bal-balan kaliyan bal poly ingkang sampun makaping-kaping pikantuk kajuwaran lan bebingah. Ugi kasil mujudaken lapangan kangge bal-balan enggal nggih menika Lapangan Desa Jurangjero.
Foto 46. Pakempalan bal-balan Desa Jurangjero.
Mboten katalumpen, margi tumuju wana-wana ugi dipun bikak kanthi ngginakaken Dana PNPM saking Pemerintah Pusat kalebet margi ingkang tumuju papan petilasan Radem Mas Sahid Gunung Gambar, margi tumuju Gunung Gambar, lan sanes-sanesipun.
Lurah Suparno ugi sanget migatosaken babagan olah kridhaning seni budaya ing Jurangjero. Katitik, seni tradisi dipun paringi prabeya, wekdal, piwucal ingkang longgar kagem gladhen kaliyan mameraken kridhanipun. Seni budaya menika ing antawisipun : Wayang Kulit, Kethoprak, Topeng, Reog, Jathilan, tari-tari, srandhul, Kethek Ogleng, rebana, qosidahan, sesorah lann sanes sanesipun. Ing warsa 2004 lan warsa 2005 kasil wujudaken adicara Gelar Seni Budaya Masarakat kanthi asesanti “ AYO JURANGJERO nguri-uri, ngurip-urip Jurangjero”
Foto 47. Seni Jathilan Padhukuhan Jurangjero
Upacara adat tradhisi ugi ngrembaka, tasih lumampah kanthi sae ing Jurangjero antawisipun: gumregan, rasulan, ngalangi, bersih Gunung Gambar, kirim dowa, kendhuri, mitoni, pengetan weton lair, nyadran lan sapanunggalanipun.
Foto 48. Suwasana Rasulan Padhukuhan Kaliwuluh
Foto 49. Suwasana Gendhuri Rasulan
Upacara adat tradhisi sanesipun inggih menika, upacara Ritual Sadranan Gunung Gambar. Besik Gunung Gambar ingkang dipun wontenaken saben dinten senin utawi kamis Legi sasampunipun para amongtani bibar panen. Gunung Gambar menika satunggaling wewengkon ingkang dipun pitados papan petilasan Raden Mas Sahid kaliyan para siswanipun. Kawigatosan lurah Suparno sanget ageng tumraping papan kaliyan lumampahing adicara menika. Kanyata ing warsa 2010 upacara besik Gunung Gambar dipun adani kanthi regeng, para punggawaning praja Kecamatan saha punggawaning praja Kabupaten Gunungkidul lan ugi saking Pusering Mangku Negaran Surakarta dipun aturi rawuh ing adicara menika lan ugi karawuhan Raja - Raja saking Sumatra, jawa, lan ugi Bali.
Foto 50. Para Raja
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |